Peluang Usaha

Ngungak Kiprahe Mudha-mudhi AMIB (Sebuah Episode Pemberdayaan Diri dan Masyarakat)

on Monday, November 1, 2010

(Meneruskan tulisan yang dimuat di majalah Bahasa Jawa Djaka Lodang No. 3 tahun 2006 tanggal 17 Juni 2006. Tulisan ini sebagai upaya untuk memotivasi rekan-rekan anak muda di Betakan khususnya, agar terus berkiprah untuk bisa terus mengaktualisasikan diri dan menjadikan koperasi "Makosipa" dan "AMIB" lebih maju lagi).

Wektune bubar isya, grimis wengi tiba kepyur-kepyur, nalika Djaka Lodang (DL) miwiti sanjan menyang papan kegiatane mudah-mudhi AMIB ing dhusun: Betakan, Sumber Rahayu, Moyudan, Sleman, Jogjakarta. Miturut Mas Eka utawa lengkape Eka Budi Kumiawan, AMIB-mono cekakan saka angkatan Muda Islam Betakan sing sejatine madeg wiwit taun 1978. Minangka wadhah kegiyatan mudha-mudhi Islam dhusun Betakan, kepengurusan AMIB punjere ana Masjid AN-Nuur kanthi migunakake serambi masjid. Nanging selaras karo kemajuane jaman lan saya mekare kegiyatan AMIB rasane saya repot yen punjere kegiyatan mung ana serambi masjid. Anggota AMIB sing cacahe ana 75 mudha-mudhi kiprah kegiyatane wis ora kuwawa maneh yen mung ditampung ing sapanggonan. Kanyatan iki sing tundhone nyurung mutakmirin Ian masyarakat maringi bantuan marang AMIB supaya kiprah kegiyatane saya mekar Ian maju. "krana kawontenan menika Pak, mila saking muktamiirin lan masyarakat lajeng ada-ada damel papan mirunggan wujud bangunan enggal saeler rnasjid menika," mengkono pratelane Mas Eka sing diampingi dening-Mas Dika utawa lengkape Dika Rusdiyanto sing wektu iki minangka Ketua AMIB.

Sing gawe gumun, senajan mutakmirin Masjid AN-Nuur mung mligi dhusun Betakan nanging kuwawa nyembadani mbangun papan kegiyatan arupa bangunan permanen jembare 36 m2, sing kedadeyan saka 3 ruang; yaiku: papan pertemuan, ruang administrasi/ruang kerja, lan papan wudhu sarta urinoir. Bangunan dicet werna ijo enom iki katon rapi lan resik, kabeh jrambahe wus dike¬ramik ingga nambahi gemrining. Babagan fasilitas ruangan lan peralatan kerja cukup becik. Ana meja kerja, rak, lan saperangkat komputer. Nalika DL didhawuhi nak-yinake kiprahe mudha mudhi AMIB ing wengi Minggu be¬ngi iku ngrasa gumun. Jalaran, ora mung mudha-mudhi sing ngebaki papan kegiyatan, nanging dalasan para sepuh lan putra-putri cilik nyengkuyung kegiyatan iki. Ana sing teka arisan, ana kang melu kegiyatan simpan pinjam, ana kang mbayar listrik, ana kang mbutuhake voucher, ana kang nyambangi perpustakaan, ana kang pengin main pingpong, nanging ana uga kang pengin jajan angkringan.

Miturut Bapak Drs. Ngadino, minangka Ketua Takmir Masjid An-Nuur; sing uga rawuh manggihi DL ing wengi iku akehe kegiyatan AMIB ora uwal saka "kerja keras-e para pengurus sing racak para mahasiswa. Mas Eka sing lulusan Fakultas Ekonomi UGM lan Nas Dika sing wektu iki mahasiswa Jurusan Ekonomii UNY (Universitas Negeri Yogyakarta) mesthi wae klebu duweni semangat kuwat. Minangka katalisator (penggerak) akeh rancangan sing wis diecakake kang¬go nyurung kemajuane AMIB, klebu koperasi simpan-pinjam sing omzete wis nyandhak Rp 42 yuta.

Gagasan ngedegake koperasi simpan pinjam iki merga meruhi ka¬nyatan ing dhusun Betakan meh ora ana nom-noman nganggur. Sing ora dadi PNS utawa pegawai swasta pa¬dha nggegulang usaha ing babagan perikanan gurami. Diajab krana grengsenge generasi enom ing babagan perikanan dadi mitra becik tumrap kemajuane koperasi AMIB ing babagan "permodalan". Kerja sama iki pranyata nguwohake kanyatan la¬mun dhusun Betakan tundhone dadi salah sijine sentra mbudidaya iwak gurami ing laladan Sleman iring kulon.

Kasile koperasi simpan pinjam pranyata melu nyurung kegiyatan liya kayata arisan, penarikan pajeg listrik, dadi Iuwih maju. Kang gawe bombong, kepengurusan ing babagan ke-giyatan iki kabeh dicekel para mudha¬mudhi AMIB. Dene para kasepuhan sing kagungan tanggung jawab nga¬wasi Ian maringi pitedah lamun ana bab-bab sing perlu disaruwe. Miturut Mas Eka, Koperasi AMIB pancen munjerake kawigaten marang wira¬usaha cilik.

Mulane sakehe kegiyatan kang magepokan karo perikanan, peternakan, pertanian, bakul warungan, oleh kawigaten saka koperasi. Kanggo nyurung majune para wirausaha cilik, malah ora mung bantuan ing babagan permodalan, nanging uga ing babagan bantuan tenaga teknis klebu pelatihan. Nalika grengsenge wirausaha cilik saya mundhak mundhak ingga mbutuhake sumadhiyane modhal Iuwih akeh, mula pihak koperasi banjur ngajak tembayatan karo para perantau sing makarya ing Jakarta, Batam, Singapura, Malaysia, Jepang, Korea, Ian Timur Tengah, ka¬nggo mikuwati modhal. Carane, para perantau mau disuwuni legane kanggo dadi anggota Koperasi AMIB Ian sabanjure kersa nyelengi srana sukarela. Simpanan sukarela iki tun¬dhone bisa dimanpangatake kanggo menehi bantuan marang usaha-usaha kecil sing kekurangan modhal.

Malah miturut Mas Dika, wujud concentne koperasi marang wirausaha kecil bisa ditonton anane angkringan sing diwenehi papan ing sangarepe Masjid AN-Nuur. Angkringan iki dikrenah srana modhal 50% koperasi 50% masyarakat, dene sing ngecakake (ngedol) masyarakat. Senajan angkringan iki mung bukak seminggu sepisan (Minggu bengi) nanging cukup laris krana panganan kang disedhiyakake werna-werna kaya gorengan Ian camilan. Nalika DL nyembranani marang Mas Eka yen mung ketungkul ing babagan ekonomi temah babagan akhlaq malah ora kegarap, bujangan umur 26 taun iki mung gumuyu.

Pratelane: Wah, babagan akhlaq pancen wigatos Pak, nanging babagan ekonomi umat ugi kedah dipungatosaken. Liripun, sedaya supados mlampah sesarengan.

Pratelane Mas Eka uga dibenerake dening Pak Ngadino, sing banjur paring pangandikan, yen senajan AMIB menehi kawigaten gedhe marang babagan ekonomi ora ateges banjur ora menehi kawigaten marang babagan pembangunan akhlaq. Minangka bukti, bangunan kang dadi punjere kegiyatan AMIB uga dimanpangatake kanggo kegiyatan madrasah ing wanci awan. Kanthi mengkono, ateges AMIB tetep ora uwal saka jatidhirine minangka wadhah kegiyatan mudha-mudhi Muslim.

Kanggo narik kawigatene "debitur" miturut Mas Eka Ian Mas Dika, pihak koperasi asring nganakake undhian kanthi pathokan saben Rp 50.000 oleh 1 poin. Para pemenang undhian ana kang antuk kipas angin, jam dhindhing, payung, temah muwuhi grengsenge para "penabung" kanggo nyelengi ing Koperasi AMIB. Marang petani, Mas Dika nambahi, asring uga koperasi menehi bantuan ing babagan bibit tetanen kaya kang durung suwe iki srana nyumbang bibit pisang kapok.

AMIB sing mula bukane saka kegiyatan Pemuda Muhammadiyah Betakan uga wiwit mula bukane nyurung wujude mudha-mudhi sing cerdas Ian mencintai ilmu. Kanggo iku mula kanthi semangat kang makantar-kan¬tar mbudidaya amrih saya lengkape buku Ian wacan liya ing Perpustakaan AMIB. Kanggo ngimbangi kekarep¬ane anggota perpustakaan sing sebageyan gedhe haus wacan, mula pihak pengurus asring ngadani tembayatan karo pihak liya kaya sekolahan, perpustakaan daerah, Ian para penerbit. Cara iki menehi keuntungan marang anggota kanggo luwih akeh maca buku tanpa kudu lunga menyang perpustakaan gedhe sing ana ing kutha kabupaten utawa Jogjakarta. Dene ing babagan konsumsi warta, AMIB nyedhiyani koran sing dipasang ing papan koran ingga bisa diwaca dening anggota perpustaka¬an utawa masarakat dhusun Betakan. Nalikane udane wiwit trenceng Ian jarum jam nuduhake wektu 21.30, DL nyuwun pamit sinambi ndherek memuji muga-muga kegiyatan kang becik iki pikantuk ridha saka Gusti Allah. Amin. (Suhindriyo/DL)

Sabagean masarakat kang nyengkuyung kegiatan AMIB kanthi dadi anggota Koperasi


Pengurus AMIB lenggah bebarengan karo takmir masjid An- Nur, Drs. Ngadino (kiwa), Eka Budi Kurniawan, SE (Tengah), Ian Dika Rusdiyanto (tengen). (Foto: Suh/DL)
Para mudhi AMIB sing uga ora kalah kiprahe karo pengurus liyane.
(Foto: Suh/DL)




*Terima kasih kepada Pak Suhindriyo dan Majalah Djaka Lodang atas supportnya.

3 comments:

Unknown said...

Koq ada foto yang materinya bapak ma anak. bareh no...........

ebudikurniawan said...

Tenang Didik, kan ada wasitnya di tengah. jadi amanlah....

Unknown said...

eling jaman semono,ngangeni, mrebes mili.. hehehe
jaman kejayaan masa lampau..

Post a Comment